Test Footer

Friday, July 26, 2013

Renungan ''khubbud dunya''

Klambine you can see utowo press Body,
Mbuka aurote ora duwe wedi,
>>>Mgono kuwi podho karo mbuka wadi,
>>>Bakal nrimo sikso besuk yen uwis mati.

Eman temen wong kang gelem tuku nomer,
>>>Tombok sak bendino kok yo ora blenger,
Rumongso wes akeh nanging ora bener,
>>>Wajib ditinggalno ben ora keblinger.

Lanang karo wadon manggon sepi2,
>>>Nyanding senggal senggol koyo kebo sapi,
Ngono kuwi dosa nurut para nabi,
>>>Ojo diterusno yen durung dirabi.

Repote wong seneng onlen.
>>>Sholate kadang kelalen,
Opo meneh statuse rame,
>>>Sholate dianggep sepele.
Repote wong nggarap sawah,
>>>Sholate sak wayah - wayah,
Opo meneh wayahe panen,
>>>Sholate ora tau kopen.
Repote wong dadi sopir,
>>>Sholate ra tau dipikir,
Opo meneh kejar setoran,
>>>Sholate ntar - ntaran.
Repote dadi pedagang,
>>>Sholate digawe gampang,
Opo meneh dagangane laris,
>>>Durung sholat ngakune uwis.

Sholat limang wektu ayo podho djogo,
>>>Jama'ah ing masjid bareng sak keluargo,
Urip kroso enteng nalika ing dunyo,
>>>Ganjarane gedhe manggon ing suargo.
Yen sholat kesusu ora bis pernah,
>>>Rukuk lan sujude ditoto sing nggenah,
Sing khusuk lan khuduk ugo tuma'ninah,
>>>Ngerteni sing wajib lan ngerti sing sunnah.
Yen rumonggso sugih itungen dunyone,
>>>Bagian zakate ojo dilalekne,
Dulur karo tonggo sing podo miskine,
>>>Kabeh podho nunggu zakat bagiane.
Ayo do ngurangi nonton tv,
>>>Timbang nonton tv luwih becik ngaji,
Akeh Majlis Ta'lim wadah kanggo ngaji,
>>>Kumpul poro Habaib lan poro Kiyai.

0 comments:

Post a Comment